Rabu, 04 Juli 2012

SEPISAN LAN PUNGKASAN


CERKAK BAHASA JAWA
Wektu kuwi aku lagi munggah kelas 5 SD. Nalika mlebu kelas, ana murid anyaran lanang sing teka saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi ora biyasa. Dheweke duwe cacat awak. Sikile sengkleh siji sing tengen, awake gering, lan rambute rada arang, nyaris gundul. Pokoke mesakake banget perawakane.
Ing dina sepisan muggah kelas kuwi, Bu Guru ndawuhi saben murid kanggo ngenalkake awake dhewe-dhewe ing ngarep kelas.. saiki gilirane cah anyaran lanang mau ngenalkake awake. Dheweke digeguyu kanca-kanca liyane, kelas dadi rame, bocah-bocah padha cekakakan. Bu Puji, wali kelasku ndawuhi murid-murid meneng. Nanging yo dasare bocah tetep ora bisa meneng, bocah-bocah ngempet ngguyu nganti rupane abang. Maksude kareben ora diseneni Bu Guru.
Mlakune cah anyaran mau nganti keseret-seret. Wektu dheweke ngadek sikile gemeteran. Ing ngarep kelas, banjur dheweke ngenalke awake.
” Je . . jeneng . . jenengku . . Ad . . Adri ” jarene gagap. ” A . . aku . . sa . . saka . . ess . . SLB Harapan 1 .”ing njero atine dheweke isin karo kanca-kancane sing padha ngguyu adri kabeh. Tapi dheweke mesti kuat ngadepi iki lan ora tau  ngeluh.
Kanca-kanca sing awit mau ngempet ngguyu, dadi ribut. Sanajan mengkono anggone Adri ngomong tetep diteruske. Ana rasa mesakake sumelip ing atiku.aku sakno ndelok adri sing duwe keadaan cacat.
Adri mesti mangkat paling gasik ning sekolah. Sesuk esuk, pas Adri lagi mlaku karo nggawa buku saktumpuk, sikile disandung karo kancaku sing gaweane ngenyek Adri. Dheweke tiba, bukune morak-marik ning jubin. Atiku trataban weruh kedadean kuwi. Ora ana sij-sijia kancaku sing arep nulungi Adri. Malah padha nggeguyu, ana sing mung ndeloki kanthi rasa jijik. Aku langsung ngadek, aku arep nulungi Adri karo mberesi buku-bukune Adri sing morak-marik mau. Adri banjur ngucapkake maturnuwun karo aku, tangane isih ngebut-ngebutke klambine sing reged.
Ing sekolah, Adri ora nduwe kanca. Kanca-kanca sing lanang malah pada ngenyeki awake Adri. Ana sing ngenyek nganggo omongan lan ana sing ngenyek karo niru-niru solah bawane Adri. Nalika kanca-kanca sing wedhok ora gelem cedhak-cedhak karo Adri. Amarga perawakane Adri sing cacat mau. Wiwit prastawa pas aku nulungi Adri, dheweke dadi seneng nyedhaki aku. Adri wis nganggep aku dadi kancane. Aku yo narima wae, kanggo aku kabeh kuwi kancaku. Aku ora mbeda-bedakake kanca. Nanging aku ora cedhak-cedhak banget karo Adri, mung kanca biyasa. Soale aku nduwe kanca kenthel dhewe. Aku ora ngerti nek Adri nganggep aku dudu kanca biyasa. Nganti ing sawijining dina, pas aku lan kanca-kanca kenthelku lagi padha ngumpul, Adri teka banjur srawung marang aku lan kanca-kanca. Pas aku lan kanca-kanca jajan, yo ditutke karo Adri. Pokoke ning endi-endi aku lan kanca-kancaku ditutke. Wis ngrasa rak kepenak, aku ngusir Adri nanging carane alus. Adri malah saya nyedhaki aku, aku sing lagi sensitif dadi mbentak Adri. Karo kaget, Adri mlayu mboh ning endi.
Udakara patang wulan sakbanjure kuwi, Adri wis seminggu ora mlebu sekolah. Aku dadi goreh. Pikiranku ngentha-entha ngapa Adri ora mlebu sekolah nganti seminggu lan ora ana kabar ngenani Adri.
Bali sekolah, aku sakanca sekelas nggoleki omahe adri kanggo mastikake kabare Adri. Aku lan kanca-kanca njaluk alamat omahe Adri marang Bu Guru.
Aku lan kanca-kanca mlaku muter-muter nggoleki alamat omahe Adri. Nganti tekan ing perumahan gedhe. Omah-omahe megah kaya gedung. Banjur dhewe tekan ing ngarep omah sing ora kalah gedhene karo tanggane. Aku ndodog lawang omahe sing gedhe dhuwur saka kayu jati. Ora let suwe, saka njero, ibuke Adri mbukake lawang. Ibune nduwe paras sing ayu, nanging mripatne kethok bengkak kaya bar nangis. Ibune Adri manggakake dhewe mlebu. Aku sakanca-kanca isih mlengo ndhelok omahe Adri sing megahe kaya gedung.
Ibune Adri wis ngerti tekane dhewe arep nakoni Adri. Karo ngomong mripate mbrambang. Ibune crita nalika wiwit cilik Adri duwe penyakit sing serius. Wis pirang-pirang kali Adri nglakoni terapi, karo ngombe obat-obatan saka dokter utawa obat-obatan tradisional kayata jamu. Ibune Adri nalika crita mandheg sedela, mripate nerawang ing langit-langit omah.
” Wiwit cilik, Adri ora nduwe kanca. Biyasane wong-wong padha ora gelem cedhak-cedhak Adri amarga perawakane sing cacat. Sanajan mengkno, Adri ora tau isin utawa ngeluh karo keadaane. Dheweke pengen banget mlebu sekolah umum kanggo nggolek kanca. Adri duwe semangat sing luar biasa sing jarang di duweni karo bocah sing normal.Sadurunge Adri sekolah ning SLB. Adri wis ditinggal Bapake wiwit umur 6 taun, gara-gara bapak nduwe penyakit sing padha karo Adri. ” critane Ibune Adri, Bu Neli.
”Lha Bu, saiki Adri teng pundi? ” pitakonku nyela critane Bu Neli. Aku wis ora sabar, atiku wis dag dig dug ora karuan. Pikiranku wis ning endi-endi.
Bu Neli malah nunduk, ” Adri wis nyusul Bapake.” wangsulane Bu Neli. Kanthi rasa ora percaya, aku lan kanca-kanca liyane nangis ing kono. Aku wis ora bisa ngmong apa-apa. Dadi Adri wis meninggal ? Ngopo cepet banget ? Aku durung sempet njaluk ngapura marang Adri.
Teka-teka Bu Neli takon, ”Iki ndak Dek Olin?” Aku manthuk alon. Banjur Bu Neli maringi lipetan kertas saka kantonge. Aku ndredeg.
” Sadurunge lunga, Adri pesen karo Ibu kareben surat iki diaturake Olin. Adri pengen ngucapake maturnuwun amarga Dek Olin gelem dadi kancane Adri. Dek Olin pancen kanca sepisan lan pungkasane Adri.”
Aku mbuka lipetan kertas mau. Atiku trenyuh, aku nangis sesenggrukan maneh ing kono. Nyatane Adri isih nganggep aku kancane, malah sahabate.
” Dri, aku njaluk ngapura yo .. .”
Sepuroen aku lan kanca-kanca yo dri,aku wis duwe salah akeh karo kuwi. Muga-muga kuwi diparingi gusti allah panggonan sing apik amarga kuwi kuat ngadepi cobaan iki.

Cara Mewarnai Mata Dengan Photoshop


Berikut gambar mata yang akan dijadikan bahan pada totorial Cara Mewarnai Mata Dengan Photoshop. Jika anda menginginkan gambar tersebut sebagai ajang latihan mewarnai mata, silahkan klik kanan saja pada gambar dan pilih save image untuk disimpan pada direktori komputer anda.
http://onesetia82.files.wordpress.com/2012/05/mewarnai-mata-0.jpg?w=630
Setelah anda simpan gambar diatas pada direktori komputer anda, atau anda mempunyai gambar mata koleksi sendiri, selanjutnya buka Photoshop yang sudah terinstall pada komputer/laptop anda. Untuk versi bukan syarat penting, terserah mau CS berapapun juga boleh. Disini atau dalam tutorial ini saya memakai Photoshop CS3 (masih jadul ya Photoshop-nya … ?).
Klik File>Open atau tekan Ctrl+O pada keyboard atau bisa juga klik ganda/double klik pada area layar kerja Photoshop untuk membuka gambar yang akan kita edit.
http://onesetia82.files.wordpress.com/2012/05/mewarnai-mata-1.jpg?w=504&h=362
Tahap selanjutnya setelah gambar terbuka di Photoshop, anda meski menduplikat Layer dengan cara tekan Ctrl+J pada keyboard, yang semula hanya layer Background setelah di duplikat maka pada Pallete Layers akan terbuat sebuah layer baru dengan nama Layer 1.
http://onesetia82.files.wordpress.com/2012/05/mewarnai-mata-2.jpg?w=567&h=276
Seleksi pupil mata yang akan diwarnai dengan menggunakan Ellipse Tool pada Tool Box. Sebelum melakukan penyeleksian, setelah mengaktifkan Ellipse Tool aktifkan juga Paths pada Tool Bar. Untuk lebih jelasnya lihat gambar dibawah. Sekarang lakukan penyeleksian pada pupil mata.
http://onesetia82.files.wordpress.com/2012/05/mewarnai-mata-3.jpg?w=504&h=446
Untuk merapihkan lingkaran, klik kanan pada area seleksi lalu pilih Free Transform Path.
http://onesetia82.files.wordpress.com/2012/05/mewarnai-mata-4.jpg?w=504&h=411
Sekarang seleksi pada pupil mata akan berubah pada sudut dan tengahnya akan menjadi kotak-kotak kecil. Silahkan sesuaikan dengan kebutuhan dengan cara arahkan kursor mouse pada kotak kecil klik tahan lalu geser.
http://onesetia82.files.wordpress.com/2012/05/mewarnai-mata-5.jpg?w=504&h=406
Jika sudah merasa cukup, klik ganda/double klik pada area seleksi pupil mata lalu klik kanan pada seleksi pupil mata dan pilih Make Selection lalu klik OK (Feather Radius 0).
http://onesetia82.files.wordpress.com/2012/05/mewarnai-mata-6.jpg?w=504&h=409
Sekarang anda tinggal melakukan proses pewarnaan pada pupil mata. Disini saya memakai teknik pewarnaan sama seperti proses pewarnaan pada teknik Mewarnai Rambut pada tutorial dulu. Klik menu Image>Adjustments>Black & White atau bisa juga dengan cara tekan Alt+Shift+Ctrl+B pada keyboard. Setelah kotak dialog Black & White aktif, cetang/ceklist pada Tint dan pada Hue beri 130 lalu Saturation 30% terakhir klik OK.
http://onesetia82.files.wordpress.com/2012/05/mewarnai-mata-7.jpg?w=504&h=285
Selanjutnya anda meski mengaktifkan Layer Mask untuk menghapus atau merapihkan area warna pada pupil mata yang tidak diinginkan. Klik menu Layer>Layer Mask>Reveal Selection. Maka pada Pallete Layers akan terbuat sebuah Layer Mask baru bagian dari Layer 1.
http://onesetia82.files.wordpress.com/2012/05/mewarnai-mata-8.jpg?w=504&h=408
Sekarang hapus warna yang tidak anda inginkan pada area pupil mata menggunakan Brush Tool. Jangan sampai lupa setelah mengaktifkan Brush Tool yang terletak Tool Box, aktifkan juga Layer Mask yang terletak pada Pallete Layers dengan cara klik pada Layer Masknya. Untuk lebih jelasnya silahkan anda baca kembali proses penghapusan warna menggunakan Brush Tool pada tutorial Teknik Dasar Cara Mewarnai Rambut Dengan Photoshop.
http://onesetia82.files.wordpress.com/2012/05/mewarnai-mata-9.jpg?w=504&h=378
Berikut kira-kira hasil akhir dari Cara Mewarnai Mata Dengan Photoshop. Silahkan anda berkreasi sendiri dengan pilihan warna lainnya.
http://onesetia82.files.wordpress.com/2012/05/mewarnai-mata-finish.jpg?w=630
Selamat mencoba dan semoga bermanfaat …

;;

By :
Free Blog Templates